Posted by : Pendidikan Indonesia Sabtu, 09 November 2013

Teks Pembawa Acara
Karang Taruna Tunas Jaya Mandiri
RT 2 / RW 2 Kemiri Lor

Assalaamu’alaikum Wr.Wb
    Wonten ngarsanipun Pembina Karang Taruna RT 2 / RW 2 nuninggih panjenenganipun Bapak Misrun, ingkang dahat kinurmatan.
    Ketua Karang Taruna lan sak jenjang peraangkatipun ingkang kinurmatan.
    Rencang-rencang karang taruna ingkang kulo tresnani.
Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing (Acara yang sedang berlangsung) puniko.
Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.
    Poro rawuh ingkang kinurmatan, kulo minongko pranoto adicoro ing ndalu meniko bade maosakaen runtutaning acoro ing ndalu meniko:
    Sepindah Pambuko
    Kapeng kalihipun sambutan saking Penyelenggara / Panitia
    Kapeng tigo sambutan saking Pembina Karang Taruna
    Kapeng sekawan sambutan saking Ketua Karang Taruna
    Kapeng gangsal Laporan Keuangan
    Kapeng enem Istirahat
    Kaping pitu Lain-lain
    Kaping wolu Penutup
Mengeti wedal sakwetawis ndalu, monggo adicoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan.
    Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko kaleh. Adicoro ingkang ongko kalih nuninggih sambutan sangking penyelenggara / panitia ingkang sak mangke bade kaslirani dumateng panjenenganipun …………… dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
    “Matur nuwun dumateng panjenenganipu ………….”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko tigo. Adicoro ingkang ongko tigo  nuninggih sambutan sangking Pembina Karang Taruna, dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
    “Matur nuwun dumateng panjenenganipu ………….”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko sekawan. Adicoro ingkang ongko sekawan nuninggih sambutan sangking Ketua Karang Taruna, dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
    “Matur nuwun dumateng panjenenganipu ………….”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko gangsal. Adicoro ingkang ongko gangsal nuninggih Laporan Keuangan Karang Taruna, dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
    “Matur nuwun dumateng panjenenganipu ………….”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko enem. Adicoro ingkang ongko enem nuninggih Istirahat. Dumateng panitia utawi penyelenggara kawulo aturaken sak cekapipun.
    Makanan sudah keluar: “monggo kulo aturi dipun rahabi kanti merdikaning penggalih”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko pitu. Adicoro ingkang ongko pitu nuninggih Lain-lain, wonten adicoro lain-lain kasuwon dumateng panjenenganipun ……………… dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
    “Matur nuwun dumateng panjenenganipu ………….”
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko wolu. Adicoro ingkang ongko wolu nuninggih Penutup. Sak derengipun acoro ing ndalu meniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken lampahing adicoro ing ndalu meniko kathah kalepatan kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangarsami.
Monggo acoro ing (waktu) puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID.
Wasalamualaikum Wr. Wb

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Welcome to My Blog

Popular Post

Blogger templates

- Copyright © Situs Resmi Karang Taruna Cita Remaja -Robotic Notes- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -